Rabu, 19 Februari 2014

Pengertian & Kumpulan Puisi Jawa (Geguritan) Terbaru Lengkap


Geguritan
Geguritan adalah puisi didalam bahasa jawa yaitu biasanya orang jawa membuat tembung-tembung yang sangat indah, dan dalam penulisanya biasanya dilakukan berulang-ulang hampir sama dengan judulnya. Ini adalah karangan pertama penulis di blog ini. Mohon maaf apabila ada salah kata dalam penulisannya. Semoga anda puas dengan apa yang ada di blog ini dan semoga bermanfaat. 



Berikut ini adalah kumpulan puisi bahasa jawa ( Geguritan ) :

1. Pahlawanku


Pahlawanku  
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku

Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

2. Segara Ayu


Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti

Awit mangku jejibahan

Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan

Ngemu madu

Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru

Ludira kang wekasan

Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan

Sliramu Aru

Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku

Senin, 17 Februari 2014

Pengertian Pantun Bahasa Jawa ( Parikan ) Lengkap


Parikan iku unèn-unèn kang dumadi seka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. 
Parikan migunaake purwakanthi swara.

Kang diarani parikan
Yaiku unèn-unèn mawa paugeran telung warna yaiku :
  • Kadédan saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
  • Saben saukara kadedan saka rong gatra
  • Ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).

Semoga Bermanfaat Gan & Jangan Lupa Isi Komentar Ya.... :)

Minggu, 16 Februari 2014

Kumpulan Parikan Lengkap


Parikan iku unèn-unèn kang dumadi seka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Semoga bermanfaat setelah kalian membaca karangan ini....



Berikut Ini Adalah Kumpulan Parikan Bahasa Jawa :

           Manuk emprit nucuk pari
·     Dadi murid sing taberi

Jemek –jemek gulane jawa
Aja ngenyek padha kanca

Manuk tuhu mencok pager
Yen sinau dadi pinter

Wedang bubuk tanpa gula
Jo sok nngantuk, gelis tuwa

Sabtu, 15 Februari 2014

Kumpulan Parikan Jawa Lucu Lengkap :)


Berikut Ini Adalah Kumpulan Parikan Lucu :

Pring gading jiblok gapuk
Ojo njengking ndak ditubruk

Tuku sate lodeh, dipangan karo tempe akeh
Pede yo oleh, nanging yo ojo karo ndobleh

Budal ngetan tuku boto, ora lali tuku kloso
Golek bojo sing iso dijak urip soro, sakwayah2 iso dikon nyithak boto

Entut mambu marahi ribut
Kadung mlebu nanggung yen arep ndudud

Walang kekek nemplok neng pager
Lanangan tuek kok diuber-uber

Jumat, 14 Februari 2014

Pengertian Cangkriman Full



Cangkriman



           Cangkriman yaiku unen unen utawa tetembung kang kudu dibatang itawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan utawa batangan. Cangkriman kaperang dadi papat, yaiku :

a). Awujud tembung wancahan (cekakan), tuladha (contoh) 
  • Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
  • Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
  • Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  • Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot

Kamis, 13 Februari 2014

Kumpulan Contoh Cangkriman Lengkap



A. CANGKRIMAN PEPINDHAN

1. Abang-abang dudu kidang, pesegi dudu pipisan (merah bukan kijang, pesegi bukan alat penggiling jamu).
    Jawaban: batu bata
2. Ana titah duwe gulu tanpa sirah, suwe silit nanging ora tau bebuwang (Ada makhluk punya leher tanpa
    kepala, punya anus tetapi tidak pernah buang air besar): Jawab: botol
3. Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk (Bapak Demang berbaju merah kalau
    ditusuk mengangguk-angguk): Jawab: Bunga (jantung) pisang
4. Bocah cilik blusak blusuk nang kebon (Anak kecil menyelinap di kebun). Jawab: Jarum
5. Bocah cilik nggendong omah (Anak kecil menggendong rumah): Jawaban: Siput
6. Dicakot bongkote sing kalong pucuke (Digigit pangkalnya yang berkurang ujungnya). Jawab: rokok
7. Dijupuki malah dadi mundhak gedhe (Diambil terus malah jadi semakin besar). Jawab: Orang menggali
    lubang.
8. Duwe rambut ora duwe endhas (Punya rambut tidak punya kepala) Jawab: Jagung
9. Dikethok malah tambah dhuwur (Dipotong malah bertambah tinggi). Jawab: Celana panjang
10. Emboke diidak idak anake dielus-elus (Ibunya diinjak-injak anaknya dibelai-belai): jawab tangga bambu
11. Emboke wuda anake tapihan (Ibunya telanjang anaknya pakai kain). Jawab: Pohon bambu dan anaknya
      (rebung)
12. Ing ngisor kedhung ing ndhuwur payung (di bawah danau di atas payung): Jawab: Orang menanak nasi
      pakai dandang. Ini ceritera jaman dandang belum digeser rice cooker. Anak sekarang mungkin sulit
      membayangkan.

Pengertian & Contoh Tembung Dasanama Lengkap

Dasanama punika tembung sanes ingkang tegesipun sami (synonim), asring pinanggihaken ing sastra tembang. Lan Dasanama iku tegese maneka warna utawa sesebutan liyane kanggo sawijining paraga utawa manungsa.

Tuladhane :

Ati = driya, galih, kalbu, nala, panggalih, prana, tyas, wardaya.
Anak = atmaja, putra, suta, siwi, sunu, tanaya, weka, yoga.
Bapak = rama, sudarma, sudarmi, yayah.
Bumi = bawana, buwana, bantala, basundara, basundari, butala, buntala, jagad, kisma, 
mandhala, pratala, pratiwi.
Dalan = dlanggung, enu, gili, hawan, lebuh, lurung, marga, ratan, sopana.
Desa = dhekah, dhukuh, dhusun.
Kethek = wanara, rewanda, kapi, juris, palwaga, wre, pragosa
Banyu = warih, her, tirta, we, ranu
Ilang = nir, musna, sirna, mendra
Geni = agni, brama, latu, pawaka, dahana
Kalah = kasor, kawon, kaseser, kalindhih, katitih
Dhewe = pribadi, priyangga
Gawe = kardi, karya, karti.
Ibu = biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi.