Minggu, 16 Februari 2014

Kumpulan Parikan Lengkap


Parikan iku unèn-unèn kang dumadi seka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Semoga bermanfaat setelah kalian membaca karangan ini....



Berikut Ini Adalah Kumpulan Parikan Bahasa Jawa :

           Manuk emprit nucuk pari
·     Dadi murid sing taberi

Jemek –jemek gulane jawa
Aja ngenyek padha kanca

Manuk tuhu mencok pager
Yen sinau dadi pinter

Wedang bubuk tanpa gula
Jo sok nngantuk, gelis tuwa

Wajik klethik gula jawa
Luweh becik sing prasaja


Wedang bubuk gula tebu
Mata nngantuk njaluk turu

Kembang mlathi warna peni ngganda wangi
Watak putri kudu titi ngati ati

Gudeg manggar bumbune mrica ketumbar
Lamun sabar bisa lejar sarta bingar

Kembang kencur tinandur ing pinggir sumur
Yen wis makmur ojo lali marang sedulur

Esuk nakir sore yo nakir, sing ditakir godong ploso
Esuk mikir sore yo mikir,sing dipikir mung golek banda

Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring para muda, aja wedi ing rekasa

Yen kembang, kembang cepaka, dudu kembang arum dalu
Mumpung sira isih muda, den sregep ngudi ilmu

Awan-awan tuku brambang
Ana prawan klambi abang

Wedang bubuk gula jawa
Yen kepethuk atine lega


Esuk nyuling sore yo nyuling, sulinge arek surabaya
Esuk eling sore yo eling sing dieling ora rumangsa

Nggawa takir isi gule, mangan kupat lawuh babat
Aja mikir awake dhewe, delengen rakyat kang mlarat


Dalan sepur dilumpati
Pengin makmur ja korupsi


Kursi goyang sikile papat
Nek berjuang ja golek pangkat


Jam papat wis nyumet kompor, nyumet kompor masak sarapan
Dadi pejabat ja dadi koruptor, dadi koruptor golek suapan


Enteng-enteng omah rayap
Nangis ngereng njaluk ijab


Walang kekek menclok ning tenggok, mabur maneh menclok ning pari
Aja ngenyek karo wong wedok, yen ditinggal lunga setengah mati


Kodhok kalung kupat
Awak boyok ora kuwat


Walang ireng mabur mbrengengeng, walang ireng dawa suthange
Yen dha seneng aja mung mandeng, golekana endi omahe


Andheng-andheng ngisor lambe
Tiwas mandeng wis ana sing nduwe


Esuk nyuling sore nyuling, sulinge arék suroboyo
Esuk éling soré éling sing diéling ora rumangsa


Abang-abang ora legi

Tiwas magang ora dadi

Mikul suket dientul-entul

Senenge banget nanging ora bisa kumpul

Semoga Bermanfaat Gan & Jangan Lupa Isi Komentar Ya... :)

3 komentar: