Rabu, 19 Februari 2014

Pengertian & Kumpulan Puisi Jawa (Geguritan) Terbaru Lengkap


Geguritan
Geguritan adalah puisi didalam bahasa jawa yaitu biasanya orang jawa membuat tembung-tembung yang sangat indah, dan dalam penulisanya biasanya dilakukan berulang-ulang hampir sama dengan judulnya. Ini adalah karangan pertama penulis di blog ini. Mohon maaf apabila ada salah kata dalam penulisannya. Semoga anda puas dengan apa yang ada di blog ini dan semoga bermanfaat. 



Berikut ini adalah kumpulan puisi bahasa jawa ( Geguritan ) :

1. Pahlawanku


Pahlawanku  
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku

Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

2. Segara Ayu


Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti

Awit mangku jejibahan

Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan

Ngemu madu

Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru

Ludira kang wekasan

Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan

Sliramu Aru

Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku



3. Kembang Mlathi


Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci

4. Merapi


Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara

Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

5. Koran


Taktunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi

6. Sepi


Iki sepine sopo?
Kathik ono sepi sepo....

Langit peteng kagubeng dening mendung....
Tanpa angin tanpa wicara...
Tanpa lagon tanpa gending...

Yen sliramu isih rumongso tresno
Gunemu bakal dak anti...
Nadyan getir rasaning ati....

Sepi....
Iki sepine sopo
Kathik ono sepi sepo... 


7. Kitir


Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi

Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat

8. Wutah Getihku


Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani

Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila....
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara

Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku

9. Ndandani Kretek


Dinaminggu aku sakanca pada saiyeg saeka piraya
Nggawa pacul, ekrak lan sapu sada
Anyengkuyung para warga

Tuwa enom jaler lan estri
Kabeh warga padha kerja bakti
Kretek rusak den dandani
Gotongroyong saekta kapti

10. Ibu


Ibu…
Ajari aku dados kaya panjenengan
Ingkang sabar ngajar putra-putrimu
Ingkang tulus ngajari putra-putrimu

Ibu…
Kula mangerteni bumi lan isine
Boten cekap kangge bales
Rasa tresna panjenengan dhateng kula
Satunggal ewu maaf
Boten saged ngapus
Salah kula dhateng panjenengan

Nanging kula percaya tanpa kabeh niku
Rasa tresna lan maaf panjenengan niku
Selalu kagem kula
Ibu…

11. Pari


Pariku wes kuning
Wis wancine
Wis padha dungkluk
Nunggu tangan-tangan para tani
Ngenteni anggone padha ngeneni

Pari…
Gedhe mupangatmu
Kanggo awaku
Kulawargaku
Mitraku
Lan, kanggo para menungsa
Bisa ngilangi rasa ngelih
Gawe adheme weteng
Lan, bisa menehi kekuwatan

Pari…
Aja musnah
Aja ngilang
Aja rusak
Mung amerga ama
Duh Gusti
Panjenengan jayi
Supados kita boten sami kekirangan pari


12. Sujud


Langit mendung, peteng dedet lelimengan
Tan sumunar suryaning rembulan
Gagak gagak macah ing langit
Tan gumebyar seminar ing lintang
Ambyar sekeping pecahing mego, tetep wae peteng
Duh Gusti sinten ingkang salah…..!
Punopo ingkang salah…..!

Sumerbak gandaning arum melati
Kang dadi panutaning ati
Pinuju mulyaning gesang
Pengarep restuning bumi
Sujud sunembah ing ngarsaning Gusti
Duh Gusti sinten ingkang salah…!
Punopo ingkang salah….!
Kawulo sujud


13. Ulang Tahun


Detik terus mlaku
Tan peduli sira sregep
Amal utawa ndeleya
Jam terus mlaku
Tan peduli sira
Waspada utawa lena
Dina terus mlaku
Tan peduli sira sregep
Ngabekti utawa duraka
Umurku tansah
Tambah ananing
Kadewasanmu ora
Mesti tambah
Amarga kadewasan
Iku butuh pangorbanan
Amarga kadewasan
Iku kehormatan
Slamet ulang tahun
Muga-muga tinambahe umurmu
Dibarengi tinambahe
Peci ke atimu
Lan mantepe
kadewasaanmu

14. Pangapuramu


Bukaken lawang pangapuramu
Senajan rinasa abot
Kaya-kaya ora bakal tinarbuka kanggo salawase
Nanging, apa sliramu tega lan mental???
Aku ngerti …
Sliramu sejatine ora mental
Mula, gede pangarep-arepku
Ing sawijining wektu
Bakal ono pangapura
Kanggo aku kang nate ngrasakake katresnamu

15. Petani


Sager esuk kudu wis tangi
Rebutan banyu saber wengi
Nggawa pacul kanggo maculi
Arite dingo ngeriti dami
Ora peduli panase matahari
Sawahe kudu diopeni
Ora peduli ademe wengi
Ngileni banyu saka kali
Ora peduli kudu ngenteni
Sing penting isoh dadi pari

16. Urip lan Mati


Awakku mung bisa nonton langit
Iku ning awakku urip
Lan aku bisa nonton langit
Iku yen awakku mati
Mati lan urip
Iku ora adoh beda
Urip mung kanggo sawetara
Mati kanggo saklawaseCinta kadang kala mati
Ning cinta iku kadang kala urip
Mati merga ketutupan mega mendhung
Urip mega di cori rasa cinta lan rasa tresna


Itulah pengertian dan contoh-contoh puisi bahasa Jawa. Semoga Bermanfaat.... :)
Jangan Lupa Isi Komentar Ya.... :)

7 komentar:

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. minta tolong geguritan wutah getihku diterjemahkan k dalam bahasa Indonesia. saya gunakan untuk anak2. terimakasih

    BalasHapus
  3. tolong diterjemahkan ke dalam bahasa Indonesia juga dong. tks

    BalasHapus
  4. Dalam bahasa Jawa Geguritan atau juga puisi yang menggunakan bahasa Jawa. Informasi menarik tentang pengertian dan kumpulan puisi Jawa yang disebut dengan Geguritan

    BalasHapus